
Transcription
Kirtya BasaHak Cipta 2015Tim Penyusun:Drs. Samsul HadiDrs. Yusuf Budi SantosaDrs. SunardiDra. Rini MuwartiDra. Agus Windarti, M.PdDra. Umi NayirotinEditor/Penyelia: Dra. Sri Sulistiani, M.PdPenerbit: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa TimurIsi: ix, 147 halISBN 978-602-xxxx-xx-x97 8 6 0 2 78 3 1 2 9 2Dilarang memperbanyak atau memindahkan sebagian atau seluruh isibuku ini dalam bentuk apapun, baik secara elektronis maupunmekanis, termasuk memfotokopi, merekam atau dengan sistempenyimpanan lainnya, tanpa izin tertulis dari penerbit
KATA PENGANTARKEPALA DINAS PENDIDIKAN PROVINSI JAWA TIMURAlhamdulillah buku “Kirtya Basa” sudah selesai disusun dan diterbitkan. Buku inidisusun dengan berpedoman pada Peraturan Gubernur No. 19 Tahun 2014 tentang MataPelajaran Bahasa Daerah sebagai muatan lokal wajib di Sekolah/Madrasah. Pergubtersebut memberikan pegangan hukum yang kuat bagi guru-guru untuk melaksanakandengan sungguh-sungguh pembelajaran bahasa daerah. Sebagai tindak lanjut, buku inidisusun untuk menyelesaikan masalah ketiadakan buku ajar seiring dengan terbitnyaPergub dan diharapkan dapat diterima dan digunakan dalam pembelajaran disekolah/madarasah di wilayah Jawa Timur.Terima kasih disampaikan kepada tim penyusun yang telah dengan kesungguhanmenyelesaikan buku ini. Kerja sama Tim Eksternal sebagai penyusun bersama-samadengan Tim internal Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur telah mampu menghasilkankarya yang bermanfaat bagi pembentukkan budi pekerti dan karakter generasi mudalewat jalur pendidikan formal di sekolah/madarasah.Kesempurnaan buku ini adalah tujuan dari penyusun dan pengguna buku ini.Akan tetapi, buku ini masih memiliki kekurangan. Karena itu, kritik, saran, dan masukandari berbagai pihak yang peduli terhadap pelestarian, pengembangan, dan pemertahananbahasa Daerah sebagai salah satu budaya bangsa ini sangat diharapkan. Insya Allah padakesempatan lain buku ini akan disempurnakan dengan mengakomodasi masukan dariberbagai pihak.Surabaya, Nopember 2015Kepala Dinas PendidikanProvinsi Jawa Timur,Dr. Saiful Rachman, MM.,.MPdPembina Utama MadyaNIP. 19590503 198503 1 018
Atur SapalaIsinipun buku “Kirtya Basa” punika sampun katitipriksa dening paraahli Basa Jawi saking Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Buku punikadipunserat dening para ahli Basa lan Sastra Jawi alumni saking Universitas NegeriSurabaya (Unesa). Isi umumipun sampun katiti priksa dening Drs. Sukarman, M.Si. (Ketua Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Program StudiPendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni (FBS), UniversitasNegeri Surabaya (Unesa) lan Ketua Tim Penyusun Kurikulum Bahasa DaerahKantor Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Timur). Wondenebabagan Kebahasaan (Linguistik), Sastra, lan Metodologi Pembelajaran sampundipuntitipriksa dening Dra. Sri Sulistiani, M. Pd. (Sekretaris Jurusan, DosenBahasa, Sastra, dan Metodologi Pengajaran saking Jurusan Bahasa dan SastraDaerah, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa danSeni FBS, Universitas Negeri Surabaya - Unesa). Kanthi asil paniti priksa kasebatdipunajab sageda murakabi kangge srana sinau Basa Jawi tumrapipun para siswalan saged mbiyantu para kadang dwija anggenipun nggulawenthah siswasiswinipun ing jagading piwucalan Basa Jawi.Salaras kaliyan owah gingsiripun kurikulum pendhidhikan, buku punikasampun kacundhukaken kaliyan Kurikulum Tingkat Satuan PendidikanMulok Bahasa Daerah 2013. Manut asil paniti priksa, isinipun buku punikasampun salaras kaliyan kurikulum enggal ingkang dipunginakaken ing sekolahsekolah wekdal samangke. Isinipun buku punika sampun kasusun lelandhesankaliyan Standar Kompetensi Lulusan (SKL), Kompetensi Inti (KI) lan KompetensiDasar (KD), sarta ngagem paugeran ingkang sampun dipunsusun dening BadanStandar Nasional Pendidikan (BSNP).Mugi-mugi kanthi wontenipun buku punika saged mbiyantu para siswa,kadang dwija, lan sutresna Basa Jawi anggenipun marsudi basa, sastra, lankabudayan Jawi supados saged ngrembaka lan lestantun.Surabaya, September 2015Paniti PriksaDrs. Sukarman, M. Si./Dra. Sri Sulistiani, M.Pd.(Ketua dan Wakil Ketua Tim PenyusunKurikulum Mulok Bahasa DaerahKanwilDinas Pendidikan dan Kebudayaan ProvinsiJawa Timur 2014
Atur PangiringPuji syukur konjuk wonten ngarsanaipun Gusti ingkang Maha Kuwaosdene panyerat sampun saged ngrampungaken buku Basa Jawi ”Kirtya Basa”kangge para siswa Sekolah Menengah Pertama ( SMP) / Madrasah Tsanawiyah(M.Ts) Wiwit taun pelajaran 2014/2015, piwucalan Basa Jawi SMP/M.Ts sampunngginakaken kurikulum enggal inggih punika KTSP Mulok Bahasa Daerah 2013.Lelandhesan Peraturan Gubernur No. 19 Tahun 2014 “Mata Pelajaran BahasaDaerah Sebagai Muatan Lokal Wajib di Sekolah/ Madrasah” kanthi alokasiwekdal 2 (kalih) jam pelajaran satunggal minggunipun. Kangge njangkepi sranapiwucalan Basa Jawi ing SMP/M.Ts panyerat nganggit buku ajar Basa Jawi”Kirtya Basa” punika.Buku punika kasiyapaken kangge nyengkuyung kawicaksanan KTSP2013. Salaras kaliyan Peraturan Menteri Pendidikan No. 64 Tahun 2013, , ingkangngrembag bab Standar Kompetensi Lulusan (SKL), paring amanat bilih Buku TeksPelajaran kedah ngagem acuan dhumateng Standar Kompetensi Lulusan (SKL) lanKompetensi Inti (KI) lan sarta ngagem paugeran ingkang sampun dipunsusundening Badan Standar Nasional Pendidikan (BSNP). Wondene Permendikbud No.71, Tahun 2013, ingkang ngrembag Buku Teks Pelajaran lan Buku Panduan GuruUntuk Pendidikan Dasar Dan Menengah, ugi paring amanat bilih Buku TeksPelajaran ingkang dipunginakaken ing pawiyatan-pawiyatan kedah sampunkasusun adhedhasar KTSP Mulok Bahasa Daerah Tahun 2013.Ewah-ewahan tumrap buku teks kedah karancang lan kasusun kanthiberbasis teks. Teks kawawas minangka perangan basa ingkang kagungan maknakontekstual. Lumantar buku punika siswa kaajab saged ngasilaken lanngginakaken teks salaras kaliyan tujuan lan fungsi sosialipun. Salebetipunpiwucalan basa Jawi ingkang berbasis teks, boten namung mucalaken teori lankonsep, ananging teks ugi migunani minangka sumber aktualisasi dhiri tumrapingkang migunakaken ing salebeting konteks sosial budaya akademis.Kanthi wontenipun buku ”Kirtya Basa” punika dipunajab sagedambiyantu para siswa SMP/M.Ts anggenipun ngleluri lan marsudi Basa Jawi lansaged nglancaraken para kadang dwija anggenipun nggulawenthah para siswasiswinipun ing piwucalan Basa Jawi. Kejawi berbasis teks, pangrakiting bukupunika ugi ngginakaken Pendekatan Saintific. Piwucalan lelandhesan teks, mawipandhom ngrembakakaken babagan (1) Piwucalan basa kawawas saking teksboten namung kasusun kanthi munjeraken paramasastra utawi ketatabahasaan
kemawon. (2) Piwucalan lelandhesan teks minangka proses pamilihan basaingkang ngandharaken makna. (3) Piwucalan basa lelandhesan teks asipatfungsional ingkang ateges boten saged uwal saking konteks ingkang mbabarakenmaneka warni ide, karakter, nilai, ugi idiologi panuturipun, (4) Piwucalan basalelandhesan teks ugi minangka sarana kangge mangun kawasisan olah pikirtumrap para siswa. Jinising teks ingkang kaandharaken ing buku punika arupi teksdeskripsi, palapuran, narasi lan carita, eksposisi, eksplanasi, lan sapiturutipun.Wondene pendekatan Saintific ingkang kasajekaken ing buku punika mawi prosesing antawisipun Mengamati (Observing), Menanya (Questioning), Mencoba(Experimenting), Menalar (Associating), Mengkomunikasikan (Comunicating), lanMembentuk Jejaring (Networking) Wondene aspek ingkang dados punjeringpiwucalan inggih punika kanthi nengenaken aspek Sikap Religius, Sikap Sosial,Kognitif, lan Psikomotorik.Pambabaripun buku ”Kirtya Basa” kajawi ngemot materi, ugi sinartangladhen (latihan) ingkang sampun kasalarasaken kaliyan Kompetensi Dasar lanIndikator ingkang sampun sinerat ing silabus, pramila dipunajab supados sagednyekapi kangge ngukur kompetensi minimal ingkang kedah dipunkuwaosi parasiswa. Pambabaripun buku ingkang berbasis teks kanthi tahapan (1) TahapPembangunan Konteks, (2) Tahap Pemodelan Teks, (3) Tahap Pembuatan TeksSecara Bersama-sama, lan (4) Tahap Pembuatan Teks Secara Mandiri. Kejawimateri lan gladhen, buku punika ugi dipunjangkepi “bausastra” lan pepelingingkang ngandharaken konsep-konsep inti saben wulangan utawi bab. Kanthimekaten dipunajab sageda njangkepi penyajian materi piwucalan lan kanggenambah wawasanipun para siswa.Panyerat sampun mbudidaya murih buku punika saged sampurna,ananging minangka manungsa limrah sarta saking winatesipun sarta cupetipunkawruhipun panyerat, taksih wonten kekirangan-kekiranganipun. Pramilapanyaruwe saking pamaos tansah kaantu-antu kangge nyampurnakaken bukupunika. Wusananipun atur, mugi-mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tansahnjangkung lan nyengkuyung pangetrapanipun buku punika tumrap kemajenganlan lestarinipun piwucalan Basa Jawi. Nuwun.Surabaya, September 2015Panyerat
Daftar IsiSampul njero .Idhentitas Buku .Atur Sapala.Atur Pangiring . .Daftar Isi .iiiiiivviiWulangan 1 : SosialMbabar Wawasan .Teks Cerkak ”Jubriya” .Kegiatan 1: Wangun Teks Crita Cekak .Tugas 1: Nyemak Teks Crita Cekak .Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Crita Cekak .Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Crita Cekak .Tugas 4: Nyimpulake Isi Teks Crita Cekak .Kegiatan 2: Nintingi Teks Crita Cekak Kanthi Klompok .Tugas 1: Nintingi Teks Crita Cekak.Tugas 2: Nintingi Struktur Teks Crita Cekak .Tugas 3: Nintingi Unsur Basa Sajrone Crita Cekak .Tugas 4: Nintingi Isine Teks Crita Cekak .Tugas 5: Nulis Ukara Nganggo Aksara Jawa .Kegiatan 3: Nulis Teks Crita Cekak Kanthi Mandiri .Tugas 1: Ngindhentifikasi Teks Crita Cekak .Tugas 2: Nulis Teks Crita Cekak .Tugas 3: Maca Teks Crita Cekak .Uji Kompetensi Wulangan 1 .2233611141516192122222323252526Wulangan 2: BudayaMbabar Wawasan .Teks ”Kegiatan Budaya” .Kegiatan 1: Wangun Teks Mawa Ragam Basa lan Basa Rinengga .Tugas 1: Nyemak Teks Mawa Ragam Basa lan Basa Rinengga.Tugas 2: Nintingi Ragam Basa ing Teks .Tugas 3: Nintingi Basa Rinengga ing Teks .Kegiatan 2: Mangun Teks Kanthi Bebarengan .Tugas 1: Nintingi Teks Mawa Ragam Basa .Tugas 2: Nintingi Teks Mawa Basa Rinengga .Kegiatan 3: Mangun Teks Kanthi Mandiri .Tugas 1: Nintingi Teks Mawa Ragam Basa .3333343636373941414242
Tugas 2: Nulis Teks Mawa Basa Rinengga .Uji Kompetensi Wulangan 2 .4344Wulangan 3 : IndhustriMbabar Wawasan .Teks Wawancara ”Olahan Bandeng” .Kegiatan 1: Wangun Teks Wawancara .Tugas 1: Nyemak Teks Wawancara .Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Wawancara .Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Wawancara .Tugas 4: Nemtokake Unsur 5W lan 1H ing Teks Wawancara .Kegiatan 2: Nulis Teks Wawancara Kanthi Klompok .Tugas 1: Nyusun Pedoman Wawancara .Tugas 2: Nindakake Wawancara karo Narasumber.Kegiatan 3: Nulis Teks Wawancara Kanthi Mandhiri .Tugas 1: Nulis Teks Laporan Asil Wawancara .Tugas 2: Nanggapi Teks Laporan Asil Wawancara.Uji Kompetensi Wulangan 3 .4848505053545657575860606163Wulangan 4: IklanMangun Wawasan .Teks Iklan .Kegiatan 1 : Wangun Teks Iklan/ Reklame .Tugas 1: Ngidhentifikasi Jinis Teks Iklan .Tugas 2: Nintingi Struktur Teks Iklan .Tugas 3: Nintingi Unsur Basa Sajrone Teks Iklan .Tugas 4: Nintingi Ukara Hagnya lan Ukara Sambawa .Kegiatan 2 : Nulis Iklan Kanthi Klompok .Tugas 1: Nintingi Teks Iklan.Tugas 2: Nulis Teks Iklan.Kegiatan 3 : Nulis Iklan Kanthi Mandhiri .Tugas 1: Maca lan Nulis Teks Iklan Nganggo Aksara Jawa .Tugas 2: Ngomentari Iklan Asil Pakaryane Kanca.Uji Kompetensi Wulangan 4 .Latihan Ulangan Akhir Semester Ganjil .676768687274757777787868798185Wulangan 5: KekeluargaanMbabar Wawasan .Teks ” Layang Pribadi” .Kegiatan 1 : Wangun Teks Layang .939394
Tugas 1: Nyemak Layang Pribadi.Tugas 2: Nyemak Stuktur Teks Layang Pribadi .Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Teks Layang Pribadi .Tugas 4: Nyemak Kaidah lan Teknik Nulis Layang Pribadi .Kegiatan 2 : Nulis Teks Layang Pribadi Kanthi Klompok .Tugas 1: Nintingi Teks Layang Pribadi .Tugas 2: Mbenerake Tata Tulis Layang Kiriman .Kegiatan 3 : Nulis Teks Layang Kiriman Kanthi Mandhiri .Tugas 1: Nulis Layang Pribadi .Tugas 2: Maca Teks Layang Pribadi .Uji Kompetensi Wulangan 5 .Wulangan 6: Budi PekertiMangun Wawasan .Teks ” Budi Pakarti” .Kegiatan 1 : Wangun Teks Tembang Dhandhanggula .Tugas 1: Nyemak Struktur Teks Tembang Dhandhanggula .Tugas 2: Nyemak Watak Teks Tembang Dhandhanggula .Tugas 3: Nintingi Isi Teks Tembang Macapat Dhandhanggula .Tugas 4: Nintingi Pesan Moral Tembang Dhandhanggula .Tugas 5: Nyemak Unsur Basa Sajrone Tembang Dhandhanggula.Kegiatan 2 : Mangun Teks Tembang Macapat Kanthi Klompok .Tugas 1: Nyemak Struktur Teks Tembang Dhandhanggula .Tugas 2: Nembang Dhandhanggula Bebarengan .Tugas 3: Nintingan Isine Tembang Dhandhanggula .Kegiatan 3 : Mangun Teks Tembang Macapat Kanthi Mandhiri .Tugas 1: Ngarang Tembang Macapat Dhandhanggula lanNembangake.Tugas 2: Ndhokumentasekake Tembang Macapat Dhandhanggula.Uji Kompetensi Wulangan 6 .Wulangan 7: KesehatanMangun Wawasan .Teks Gambar .Kegiatan 1 : Wangun Teks Nganggo Huruf Jawa .Tugas 1: Ngidhentifikasi Aksara Murda .Tugas 2: Ngidhentifikasi Aksara Swara .Kegiatan 2 : Nulis lan Maca Aksara Jawa Kanthi Klompok .Tugas 1: Ngidhentifikasi Aksara Murda lan Aksara Swara .Tugas 2: Nulis Ukara Nganggo Aksara Murda lan Aksara Swara 32
Tugas 3: Nyalin Teks Aksara Jawa menyang Aksara Latin.Tugas 4: Nintingi Isine Teks Aksara Jawa .Kegiatan 3 : Nulis lan Maca Aksara Jawa Kanthi Mandhiri .Tugas 1: Nulis Ukara Nganggo Aksara Jawa .Tugas 2: Maca Teks Aksara Jawa Banjur Disalin Menyang AksaraLatin .Tugas 3: Niteni Panganggone Aksara Murda lan Aksara Swara .Uji Kompetensi Wulangan 7 .Ulangan Akhir Semester Genap .Daftar Pustaka .133134134134135137140144150
WULANGAN 1SOSIALKompetensi Dasar1.1 Menghargai dan mensyukurikeberadaan bahasa daerahsebagai anugerah Tuhan YangMaha Esa untuk meningkatanpengetahuan dan keterampilan berbahasa daerah, sertauntukmelestarikandanmengembangkanbudayadaerah untuk didayagunakansebagai upaya pembinaan danpengembangan kebudayaanNasional.1.3 Menghargai dan mensyukurikeberadaan bahasa daerahsebagai anugerah Tuhan YangMaha Esa sebagai saranamenyajikan informasi lisan dantulis.2.1 Memiliki perilaku jujur dalammenceritakan sudut pandangmoral yang eksplisit.2.2. Memiliki perilaku demokratis,kreatif, dan santun dalamberdebat tentang kasus atausudut pandang.3.1 Mengidentifikasi,memahamidan menganalisis struktur teks,unsur kebahasaan, dan pesanmoral cerita fiksi (wayang/cerkak/folklor/ topèng ḍhâlâng)secara lisan dan tulis.4.1Mengapresiasi cerita fiksi(wayang/cerkak/folklor/topèng ḍhâlâng) secara lisandan tulis.KirtyaBasaVIIIIndikator1.1.1 Berdoa sebelum memulai danmengakhiri belajar1.1.2 Menyapadenganbahasadaerah1.3.1 Mensyukurikeberadaanbahasa daerah.1.3.2 Bercakap-cakapdenganbahasa daerah sebagai rasasyukur pada Tuhan Yang MahaEsa.2.1.1 Membiasakan perilaku jujurdalam berbicara2. 2.1 Memiliki perilaku kreatif dalamberbahasa daerah.2.2.2 Memiliki perilaku demokratis.2.2.3 Membiasakan perilaku santundalam berbahasa.3.1.1 Mengidentifikasi struktur tekscerita pendek.3.1.2 Menganalisisstruktur tekscerita pendek.3.1.3 Menganalisis unsur kebahasaan cerita pendek3.1.4 Menyimpulkan pesan moralcerita pendek4.1.1 Membaca indah cerita pendek.4.1.2 Merangkum isi cerita pendek4.1.3 Mencritakan relevansi isi ceritapendek dengan kehidupansehari-hari1
Mbabar WawasanCoba semaken wacan ngisor iki kanthi permati!Dias kari dhewe ing njero angdes (angkutan pedesaan) nalika dheweke balisekolah. Ora let suwe ana sawijining ibu kang mudhun karo nyangking tas. Panaseawan iku nyebabake Dias sumuk. Kringet kang nelesi bathuke asring dilap. Nalikatekan ing ngarep regol gang, Dias mudhun karo njingglengi dhompet sing dicekel."Takgawa bali, apa dakterne nyang sing duwe ya? " pikire. "Apa takserahnePolisi wae? "Dias ora age-age jumangkah bali. Dheweke bener-bener bingung ingantarane pilihan loro kuwi. Ing njero dhompet kandel mau ora mung isi KTP lanSIM, nanging uga isi dhuwit atusan ewu rupiyah kang bisa ngganggu pikirane bocahsaumure Dias. Wong diwasa kang jujur wae bisa dadi ora jujur yen nemu dhompetisi dhuwit akeh ngono kuwi.Dhompet sing ditemu Dias ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansahngganggu pikirane. Ing ngarepe Dias lungguh mau ana sawijining ibu kang dhewekeisih eling lan apal banget karo rupane."Dhompet iki takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahakemarang sing duwe? " Dias mikir dawa. "Dhompet iki rak isine dhuwit akeh? "Dias dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Sikap iku kangtansah diwulangake wong tuwane wiwit dheweke isih cilik. Kejujuran iku nomer siji,dhawuhe bapake. Wong dianggep luhur derajate yen jujur tumindake. (ana candhake).Sawise nyemak wacan ing dhuwur, wangsulana pitakon-pitakon singsumadiya ing ngisor iki kanthi patitis!1. Wacan ing dhuwur nyritakake bab apa?2. Sapa sing dadi paraga utamane?3. Sapa sing dadi paraga panyengkuyunge?2KirtyaBasa VIII
4. Kedadean iku dumadi ana ngendi?5. Watak apa sing bisa koktiru saka wacan ing dhuwur?6. Apa watak becik ing dhuwur isih tinemu ing masyarakat saiki? Wenehanatuladha sing kokweruhi!7. Sliramu apa uga tansah ngetrapake watak becik mau? Wenehana tuladhapakarti awatak becik sing tau koklakoni!8. Apa paedahe yen sliramu ngetrapake watak becik iku?9. Apa sangsine yen sliramu ora ngetrapake watak becik iku?10. Coba bacutna wacan ing dhuwur manut imajinasimu dhewe nganti wujudcrita sing enak diwaca, dirasa, lan mathuk karo irah-irahane! Nangingcritamu aja nganti kedawan, cukup koktambahi kira-kira 200 tembung wae.Kegiatan 1: Wangun Teks Crita CekakPitakon-pitakon ing dhuwur ngarah marang perangane struktur teks critacekak (cerkak) sing awujud unsur intrinsik. Ngenani struktur teks lan unsur basa ingcrita narasi sing umum wis kaandharake ana ing buku Kirtya Basa 7. Cerkak yendititik lan dibandhingake karo narasi liyane, wujude tetep basa gancaran, dumadisaka rerangken crita sing mung lakon sakedadean bae, lan bisa diwaca sakalalangsung tamat. Ing piwulangan iki sing bakal dadi underane rembug ngenanistruktur crita cekak sing awujud unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsiksaka cerkak, yaiku tema, latar/setting, alur/plot, lan paraga/pamaragan(penokohan), sudut pandang, amanat/pesen, lan nilai budi pakarti. Unsur ekstrinsiksaka cerkak yaiku gegayutane crita karo kanyatan ing masyarakat, kaya ta adatistiadat, budaya, perilaku, lan sikap masyarakat. Cerkak mujudake crita rekayasa(imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Urip ing ndonya iki tansah ndeleng,ngrungokake, utawa malah nglakoni crita.Tugas 1: Nyemak Teks Crita CekakWacanen tuladha teks crita cekak ing ngisor iki kanthi permati!DEA KUDU BISASawise kepilih dadi ketua kelas, tanggung jawabe Dea dadi tansaya akeh.Saliyane ngayahi jejibahane minangka murid dheweke kudu bisa ngoordhinir kancakancane saengga ora ana kang nglanggar aturan sekolahan. Saliyane iku dhewekeuga kudu bisa dadi sesulihe bu guru nalika ora bisa rawuh jalaran gerah utawa anatugas saka sekolahan. Saka akehe jejibahan kandhangkala dheweke ngrasa orasanggup maneh dadi ketua kelas.KirtyaBasaVIII3
Olehe mikir mangkono karana saya suwe kanca-kancane saya angel diatur.Kabeh pengin sakarepe dhewe, apa maneh yen pinuju bu guru ora rawuh lanmaringi tugas sing kudu digarap lan dikumpulake. Kanyatane kanca-kancane Deaora ana sing nganggep omongane Dea. Kanca-kancane pilih asyik dolanan, babarpisan ora nganggep tugas saka gurune sing diwenehake Dea.Wektu iku kanca-kancane padha ora gelem ngerjakake tugas singndadekake bu guru duka banget. Sejatine Dea ora luput, nanging tetep waedheweke ngrasa salah jalaran ora bisa nindakake tugas saka gurune kanthi becik.Senajan wektu iku bu guru wis dhawuh yen sing salah dudu dheweke, ning tetepwae Dea ngrasa ora kepenak jalaran ora bisa ngleksanakake tugase kanthi becik.Amerga kedadean kuwi Dea kerep nglamun ana ngomah jalaran nenimbangpepenginane mundur saka anggone tugas dadi ketua kelas. Ngenani pepenginanemundur kuwi wis dipikirake ana telung minggunan. Apa maneh nalika kelase kalahlomba kebersihan, tansaya ndadekake Dea rumangsa ora pantes dadi ketua kelas.Sore iku Dea ngrewangi resik-resik omah. Ibune nggatekake anake singkelas 8 SMP iku kerep meneng sajak ngalamun. Saka sorot mripate katon yen anakekuwi lagi duwe masalah. Mula sabubare nyirami kembang ana ngarep omah ibunengajak Dea lungguhan ana kursi sacedhake taman."De, sajake kok lagi ana masalah. Coba critaa nyang ibu sapa ngerti ibu bisambantu! ""Ngeten hlo Bu, kula ngraos yen sampun mboten kiyat dados ketua kelas,"ature Dea."Hlo, kena apa De? " ibune kaget."Amargi kanca-kanca saben dinten tansaya rekaos dipunkandhani. Sedayakados kepingin sakarepe piyambak lan boten purun dipunpimpin. Napa malih nalikalomba kebersihan, kelas kula kawon kaliyan kelas sanese amargi kanca-kanca botenkompak kados rumiyin. Kula ngraos sampun boten pantes dados ketua kelas"."Aja kesusu njupuk dudutan lan mutusake hlo ndhuk. Awakmu biyen kepilihdadi ketua kelas lak ya sing milih kancamu dhewe. Tegese kanca-kancamu wispercaya marang awakmu. Prakara menang utawa kalah lomba kaya singkokomongne iku mau prakara lumrah. Nanging soal kekompakane kelas, kuwi singkudu dicara"."Maksudipun pripun Bu? " pitakone Dea."Maksude ibu ngene hlo De. Kekompakan kelas iku ora tuwuh karepe dhewe.Nanging kudu dicara amrih kekompakan mau bisa tuwuh lan jinaga saengga kabehsing ana kelasmu bisa kompak lan nyedulur antarane siji lan sijine. Kepriye carane,awakmu lan kancamu sing ngerti".Kebeneran wektu iku ibuke Dea weruh semut sing lagi baris. Weruh semutsing mlaku pating jlentrek ibuke banjur njupuk sapu sing maune diselehake anapinggir kursi anggone lungguh.4KirtyaBasa VIII
"De, coba sawangen iki? " prentahe ibuke."Awakmu bisa njupuk piwulang apa saka semut-semu kasebut? "Dea gedheg tandha ora ngerti apa sing dingendikakake ibune. Wekasanibune njlentrehake."Ngene De. Ibu iki mau sengaja ndeleh sapu ana dalan sing diliwati barisansemut iku, kanggo nglambangake prakara sing kokadhepi. Senajan dalane katutupsapu, nanging semut-semut kuwi tetep ngupaya ngliwati sapu kasebut tanpanggresah. Semut kuwi tetep semangat ngliwati rintangan lan tetep maju terus.Saliyane kuwi awakmu ya weruh ana semut sing nggawa barang sing luwih gedhesaka awake. Senajan barang sing digawa iku mau abot nanging semut ora kelanganakal. Semut-semut kuwi kerjasama, saengga barang sing luwih gedhe saka awakekasebut bisa dipindhahake".Sawise krungu apa kang dingendikake dening ibune kasebut, Dea dadigedhe atine. Dheweke sadhar yen mundur saka tugase dadi ketua kelas ategesdheweke nyalahi amanah sing wis dipercayakake kanca-kancane. Saliyane iku Deauga ngrasa yen sasuwene iki dheweke kerep kerja individu, ora gelem nglibatakekanca-kancane. Bokmenawa saka tumindake kang kaya mangkono kuwi kancakancane dadi ora kompak.Sawise nyadhari mangkono. Wiwit sesuk dheweke bakal nindakake apa kayakang dingendikake ibune, yaiku kerjasama karo kabeh kancane. Ing atine saiki wistuwuh pangerten yen ora bakal ana prakara abot yen ditindakake kanthibebarengan. Mula saka kuwi dheweke mantebake awake dhewe. Saben-sabenngadhepi prakara kang abot, ing atine dheweke bakal ngomong, "Dea kudu bisa".Dea ngucapake rasa matur nuwun kang gedhe banget jalaran ibune wis menehipituduh supaya dheweke dadi bocah sing ora gampang nyerah. Ora wetara suweing ngarep omah katon taksi mandheg, lan saka jero taksi kasebut bapake sing wisrong taun kerja ana Malaysia kondur. Weruh bapake kondur Dea seneng banget,langsung mlayu mapag sankawon::::::kuwajibannindakake, nglakonigantisimpulanpungkasan, akhir, kerikalahKanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakon ing ngisor iki!1. Apa tema crita cekak ing dhuwur?2. Sapa paraga utamane?KirtyaBasaVIII5
3.4.5.6.Aranana sapa wae paraga panyengkuyunge?Terangna watake para paragane!Terangna kanthi urut prastawa sing dumadi ing crita cekak kuwi!Aranana latar panggonan, wayah, lan kahanan sing tinemu saka crita cekaking dhuwur!7. Ragam basa apa kang digunakake ing crita cerkak kasebut?8. Basa rinengga apa kang digunakake ing crita cerkak kasebut?9. Golekana amanah/pesan moral sing tinemu saka crita cekak ing dhuwur!10. Critakna kanthi ringkes isine crita cekak ing dhuwur!Pe Pepeling:Dadi ringkese, crita cekak sing dicekak cerkak iku crita kang ngandharakelelakon utawa kedadean kanthi ringkes, saka wiwitan nganti pungkasan.Ciri-cirine crita cekak/ cerkak, yaiku:1. Ukarane ringkes lan nganggo basa gancaran.2. Tembung-tembunge gampang dimangerteni.3. Isine nyengsemake utawa nrenyuhake, nyritakake sacuwil prastawaing panguripane paraga utama.4. Critane ringkes bae, ora dawa-dawa.5. Anggone maca mung mbutuhake wektu sedhela.Saben-saben pangripta nalika nulis sawijine karangan crita cekak mesthinduweni tujuan tartamtu kang awujud pesen (amanat) lan pitutur marangsapa wae sing maca. Pesen (amanat) lan pitutur iku kalairake lumantar isicritane, pacelathon antarane paraga siji lan sijine, sarta watak-watake sabenparaga.Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Crita CekakWacanen sepisan maneh teks "Dea Kudu Bisa" ing dhuwur. Sawise maca tekscrita cekak mau bakal tinemu perangan teks kang diarani struktur teks kayaing ngisor iki.a. Unsur intrinsik cerkak1. Tema : gagasan utawa idhe sing dadi underane crita, bisa dititiklangsung saka ukara-ukara ing teks, utawa dijupuk saka inticritane.Tuladha:Tembung-tembung sekolahan, ketua kelas, kanca sakelas,kerjasama, lan sapanunggalane sing ana ing teks bisa6KirtyaBasa VIII
nuduhake me
Tugas 1: Nyemak Struktur Teks Tembang Dhandhanggula . 108 Tugas 2: Nyemak Watak Teks Tembang Dhandhanggula . 111 Tugas 3: Nintingi Isi Teks Tembang Macapat Dhandhanggula . 112 Tugas 4: Nintingi Pesan Moral Tembang Dhandhanggula . 114 Tugas 5: Nyemak Unsur Basa Sajrone Tembang Dhandhanggula. 114